Tembung andhahan yakuwi tembung kang wis dirimbag utama diwenedi ater-ater, Tembung Lingga lan Panambang. Ater-ater yakuwi wanda kang diwuwuhake ing ngarepe tembung lingga, kayata: dak, kog, di, ka lan sapanunggalane. Dene Panambang yakuwi wanda kang diwuwuhake ing ngarepe tembung lingga, kayata: ake, i, an lan sapanunggalane.
Tuladha :
Dalane, pinuju, piwulang, tetuku, griyane, serate, balekna
Tembung andhan:
1. Ater-ater / awalan
a) Ater-ater Hanuswara : n, ny, ng, m
n + tulis =nulis
ny + sapu= nyapu
ng + gawe= nggawe
m + paku= maku
Tembunge dadi tembung tanduk
b) Ater-ater Tripurasa: dak, ko, di
dak + tuku= daktuku
ko + tuku = kotuku
di + tuku = dituku
Tembunge dadi tembung tanggap
c) ater-ater sanes ingkang awujud
a + lungguh = alungguh
ka + waca= kawaka
sa + dina = sadina
pa + piker = pamikir
pi + wulang = piwulang
pra + tandha =pratandha
pari + kena = parikena
tar+buka = tarbuka
kuma+ wani = kumawani
kami+ sepuh = kamisepuh
kapi +temen = kapitemen
2. Panambangan / akhiran
a) Panambang : an
Kobong + an = kobongan
Gawa + an = gawan (dudu gawaan)
Tuku + an = tukon (dudu tukuan)
Lali + an = lalen (dudu lalian)
Sore + an = soren (dudu sorean)
Paro + an = paron (dudu paroan)
b) Panambang: i
Jawil + i = jawili
Kandha + i = kandhani (dudu kandhai)
Nesu + i = nesoni (dudu nesoii)
Bali + i = baleni (dudu balii)
Ombe + i = ombeni (dudu ombei)
Bodho + i = bodhoni (dudu bodhoi)
c) Panambang : ake
Tulis + ake = tulisake
Tata + ake = tatakake (dudu tataake)
Turu + ake = turokke (dudu turuake)
Bali + ake = balikake (dudu baliake)
Suwe + ake = suwekake (suweake)
Jodho + ake = jodhokake (jodhoake)
d) Panambang: a, na, ana, en
Dudut + a = duduta
Dudut + na = dudutna
Dudut + ana = dudutana
Dudut + en = duduten
Bantu + a = bantua
Bantu + na = bantokna
Bantu + ana = bantonana
Bantu + en = bantunen
e) Panambang : ku, mu, e
Omah + ku = omahku
Omah + mu = omahmu
Omah + e = omahe
Mata + e = matane (dudu matae)
Sapi + e = sapine (dudu sapie)
Kebo + e = kebone (dudu keboe)
Buku + e = bukune (dudu bukue)
f) Panambang :ne , ing
Bapak + ne = bapakne = bapake
Dijaluk + ne = dijalukne = dijalukake
Swara + ing = swaraning = swarane
Aran + ing =araning = arane
3. Seselan (sisipan)
a) Seselan : um
Cathel + um = c + um + anthel = cumanthel
Gedhe + um = g + um + edhe = gumedhe
b) Seselan: in
Carita + in = c + in + arita =cinarita
Siram+ in = s + in +iram = siniram
Nanging yen:
Amuk + in = ing +amuk = ingamuk
Inum+in = ing + inum = inginum
Obong+in = ing + obong = ingobong
Udheg+ in = ing + udheg = ingudheg
Embang+in = ing + emban = ingemban
c) Seselan: i, r
Siwer+ l = s + l + iwer = sliwer
Kencar+l = k + l + encar = klencar
Kelip+r = k + r + elip = krelip
Canthel + r = c +r + anthel = cranthel
Tembung Rangkep